Teks Panatacara

TEKS PANATACARA


Tujuan agar siswa dapat :
1.      Menerangkan pengertian dan ciri-ciri panatacara
2.      Mengemukakan bagian-bagian/perangan teks panatacara
3.      Menerangkan unsur-unsur dalam  panatacara
4.      Teknik membaca teks pawarta

1.      Pangertene  Panatacara
Panatacara kerep uga diarani pambyawara, pranata adicara, pranata titilaksana, pranata laksitaning adicara utawi Master of Ceremony (CM). Pangertene panatacara yaiku sawijining paraga (wong) sing duwe jejibahan glantarake titilaksana (lakune) sawijining upacara. Tuladhane uapacara kayata upacara adat temanten, kesripahan, acara resmi/fromal, pepanggihan (pertemuan), pajamuan (pesta), pangaosan/pentas (show), lan sakpanunggalane.

2.      Perangan Teks Panatacara

  1. Salam pambukaTuladhane : Assalamualaikum Warahmatullah Wabarakatuh, nuwun kawula nuwun Puji syukur konjuk marang Gusti Ingkang Maka Kuwaos
  2. Sapa aruh. Sapa aruh marang kabeh para tamu undangan. Kawiwitan saka wong sing paling tuwa nganti sing enom utawa saka pangkate luwih dhuwur nganti sing endhek.
  3. Ancasing gati. Panatacara kudu weruh kanthi gamblang ancas (tujuan) saka adicara kang  diadani (dilaksanakan)
  4. Panutup. Ing perangan iki panatacara ngaturake marang para tamu mungguh acara kang     dirantam wis lumaku, lan jaluk pangapura anggone nindakake pagaweyane ana kaluputan.
  5. Salam panutup

3.      Sarat Panatacara
Supaya anggone ngayahi jejibahan dadi panatacara bisa becik, kudu gelem gladhen lan sarat laku pitung prakara. Dening Rama Sudi Yatmana (1981:1) dijlentehake kanthi aran Sapta Pangolahing Raga, yaiku:
a.       Magatra, yaiku bleger wewujude rupa, adining sastra lan nyandang penganggo kang trep,         pantes, lan jangkep. Solah bawa sing luwes lan ora digawe-gawe.
b.      Malaksana, yaiku mlau samlakune, sapecak sajangkah ditata runtut, luwes mrabawani, ora       inggah-inggih, lan ora wigah-wigih, lan ora ngisin-ngisini.
c.       Mawastha, yaiku  ngadeg jejeg, ora kendo, ora dhoyong.
d.      Maraga, yaiku ora grogi, ora wedi, ora gemeter, anteb, lan enteng obahe awak, sirah, gulu,       siku, asta lumrahe samadya ora katon ndhangak tangan kudu bisa nambahi cetha apa kang       diucapake.
e.       Malaghawa, yaiku trampil kepara trengginas, cag ceg, lancar, gancar, sembada ing karya.         Ora ngleler nanging uga ora katon grasa grusu.
f.       Matanggap, tanggap ing sakabehe swasana, sarta bisa andayani regenge swasana. Mula           panatacara uga bisa gawe gumrengsenge swasana prasasat aweh tetamba tumrap wong             kang nandhang susah/sungkawa.
g.     Mawwat: anteb, manteb ngentasi purwa, madya, lan wusananing karya. Dadi panatacara          kudu bisa ngendhaleni acara wiwit kawiwitan, tengahan, lang pungkasane acara kanthi            manteb lan sampurna. Aja nganti ana acara kang kececer keliwatan uwal saka rantaman.
4.      Teknik Maca Panatacara
a.       Nggunakake pangucap kang trep
b.      Pamedhote ukara kang trep
c.       Nggunakake intonasi, nada, lan tekanan kang trep
d.      Ngreteni tandha wacan kang trep
e.       Swara kang cetha
f.        Ngatur alon lan cepete pamaca
g.      Ngolah treping mlebu wetuning napas
h.      Mahami wacan
i.        Pracaya marang dhiri pribadi

5.      Panatacara basa Jawa iku kudu nggunakake lang nguwasani sawenehe kaprigelan kawruh basa         kanthi ancas supaya bisa narik kawigatene tamu kang padha rawuh. Mula setitekna andharan ing       ngisor iki, ngenani tembung-tembung kang bisa nambah kaprigelan panatacara babagan kawruh         basa.

a.       Tembung yogyaswara
      Yaiku tembung loro kang tulisan apadene pangucape meh padha, dinggo bebarengan, lan mengku teges lanang wadon. Tuladha: bathara-bathari, yaksa-yaksi, hapsara-hapsari, kedhana-kedhini, putra-putri, dewa-dewi.

b.      Tembung entar
   Tembung entar utawa silihan, dudu teges kang baku. Tembung iki duwe teges rerangkening tembung kang ateges ora salugune/satenane. Tembung iki duwe surasa kang geseh karo tetembungane (duwe teges kias)

Tuladha:
Dawa tangane                  = clemer, seneng njupuk duwite liyan
Lunyu ilate                      = pinter guneman\
Dawa ususe                      = sabar
Jembar dhadhane = nrima

c.       Tembung rura basa
    Yaiku basa kang rusak wis kelantur-lantur, nganti ora kena dibenerke maneh. Yen meksa dibenerake malah banjur dadi basa sing ora lumrah.
Tuladha:
negor gedhang                 = benere negor debok
nggiling bakso                 = benere nggiling daging
adang sega                       = benere adang beras

d.      Panyandra
     Panyandra iku tetembungan utawa ukara kang wis gumathok, kanggo yandra kahanan alam, satriya, ratu, perangan awak, solah bawa, lsp, kang lumrahe wujud pepindhan. Payandra utawa atur kang biasane diaturke dening para panatacara kanggo nggambarake utawa ngaturi kaweruhan kahanan lan swasana tartamtu marang para kang padha ngrungokake utawa pamiyarsa. Panyandra diaturake kanthi gamblang, cetha, lan nggunakake kasusastran kang becik, basa kang alus lan biasane ginambarake kanthi rinumpaka trep karo swasanane.
Tuladha:
Binarung swaraning pradangga munya angrangin, ambabar gendhing Ktw. Sekarteja laras slendro pathet manyuro, katingal ana wanodya sulistya ing warni mijil saking panti busana, kakanthi manjing sasana rinengga.
Sampating busana ingkang hangemba busananing prameswarinata, tinon saking mandrawa kawurya ambyor mopyor paing galebyar pating clorot pindha kartika gumingsir papan.

e.       Pepindhan

       Yaiku tetembungan utawa unen-unen kang ngemu teges irb-iriban utawa emper- emperan, ameh padha. Pindha nunggal karep karo kaya, kadi, lir, pendah.
Tuladha:
Lakune kaya macan luwe
Polahe kaya kitiran
Swarane kaya ngabangke kuping



Tuladha Teks Panatacara

Assalamu’alaikum Wr.Wb.
Nuwun,
            Dhumateng Bapak Kepala sekolah SMK N 2 Karanganyar ingkang dhahat kinurmatan, Bapak Wakil Kepala Sekolah Bidang Kesiswaan, Bapak/Ibu Guru, Karyawan, saha para siswa ingkang tansah winantu ing suka basuki.
Keparenga kula mambeng saha nggempil kamardikan panjenengan sadaya, awit kula piniji saking panitya kinen ngaturaken urut reroncening Upacara Pelantikan Pengurus OSIS SMK N 2 Karanganyar Periode 2016/2017.
            Nanging saderengipun kula ngaturaken rantamaning adicara puniuka, sumangga kula dherekaken ngonjukaken puji syukur wonten ngarsa delem Gusti Ingkang Maha agung, karana sih wilasa miwah barokah ingkang rumentah dhumateng panjenengan sedaya dalasan kula, saengga ing kalenggahan punika taksih saged kempal manunggal kanthi pinayungan karaharjan, tebih saking rubeda nir ing sambekala. Amin.
            Nun inggih para lenggah  ingkang sinuba ing pakurmatan, keparengan panatacara murwakani lekasing sedya ingkang punika enggal badhe binuka lampahing titilaksana Upacara Pelantikan Pengurus OSIS SMK N 2 Karanganyar Periode 2016/2017, kanthi ngaturaken reroncening adicara ingkang sampun karantam dening panitya, nun inggih:

  1.  Purwaka
  2. Atur palapuran saking Wakil Kepala Sekolah Urusan Kesiswaan ing mangke badhe dipunsalirani dening Bapak Muhammad Daim
  3. Kepyakan/Pelantikan Pengurus OSIS kalajengaken tanggap sabda saking Bapak Kepala Sekolah.
  4. Atur sapala saking pangarsa OSIS enggal
  5. Pandonga ing mangke badhe dipunsalirani dening seksi kerohanian agami Islam
  6. Panutup.

Para lenggah ingkang winantu ing bagya mulya, makaten menggah urut reroncening Upacara Pelantikan OSIS SMK N 2 Karanganyar Periode 2008/2009. Kasuwun wontena suka lilaning penggalih para lenggah tansah hanjenengi ngantos dumugi paripurnaning gati. Nuwun, nuwun, matur nuwun.
…………………………………………………………………………………..

TEGESE TEMBUNG:

Ø  Dhahat                             : banget (sangat)
Ø  Winantu                           : binarengan ing ( bersama-sama di )
Ø  Suka basuki                     : bungah, aweh; rahayu, slamet, raharja, widada, sugeng
Ø  Winantu ing suka basuki : bebarengan diparingi kabungahan lan keslametan (mendapatkan                                                      kebahagiaan dan keseamatan)
Ø  Mambeng (pambeng)      : ngalangi (menghalangi); pambeng : alangan (halangan)
Ø  Gempil                             : cuwil sethithik
Ø  Nggempil kamardikan     : nyuwil/ngurangi sethithik kamardikan (mengurangi sedikit   
                                               kemerdekaan)
Ø  Piniji                                : dipiji, dipatah, didhapuk, dipitaya, dipercaya
Ø  Reroncening/reroncen      : susunananing/susunan;
Ø  Rantaman                        : rancangan, program, rencana
Ø  Karana                             : awit, sebab, jalaran (sebab/karena)
Ø  Sih                                   : asih, katresnan; kawelasan
Ø  Wilasa                             : ngenggar-enggar, dolanan, (bersenang-senang/bermain-main)
Ø  Sih wilasa                        : kawelasan (dikasihi )
Ø  Rumentah (rentah)           : tumiba, dhumawah, tumeka (dilimpahkan)
Ø  Pinayungan (paying)       : dipayungi (mendapat perlindungan)
Ø  Rubeda                            : pakewuh, alangan
Ø  Nir (Kawi)                       : ilang, tanpa
Ø  Sambekala                       : kacilakan, alangan
Ø  Sinuba/suba (Kawi)         : endah, kaendahan, becik ; disungga-sungga, dihormati banget
Ø  Murwakani (purwa)         : miwiti, memulai
Ø  Lekasing sedya                 : wiwitaning karep
Ø  Titilaksana                       : adicara, acara
Ø  Karantam                         : diprogram, dirancang, direncanakan
Ø  Purwaka                           : pambuka  (pembukaan)
Ø  Kepyakan                        : peresmian, pelantikan
Ø  Hanjenengi (njenengi)     : melu nunggoni ing parepatan lsp
Ø  Paripurnaning gati           : rampunge gawe, rampunge acara
Ø  Gati (Kawi)                     : laku, tindak
Ø  Kapitadosan                   : kapercayan (kepercayaan), gegebengan, (agama)
Ø  Sowang-sowang              : dhewe-dhewe, piyambak-piyambak
Ø  Kasumanggakaken          : dipersilakan
Ø  Nunggih                           : yaiku, (yaitu)
Ø  Winantu ing pakurmatan : tansah dipunkurmati (yang selalu dihormati)
Ø  Sasana  (S/Kw)                : papan, enggon, palungguhan (piwulang, pituduh)
Ø  Tanggap sabda                : waluyan, tanggap wacana, sesorah, pidato
Ø  Sabda                               : swara, gunem, tetembungan
Ø  Jejibahan                          : ayahan, tugas, pakaryan
Ø  Magepokan                      : sesambungan (yang ada hubungannya dengan …)
Ø  Kasangkul                        : nindakake gaweyan,
Ø  Panjurung                          : panyengkuyung, pambiyantu (dukungan)
Ø  Gangsar                           : gancar, lancer, ora ana alangan
Ø  Sesanggeman                     : ayahan, gaweyan sing kudu karampungake/katindakake
Ø  Laksita                             : laku
Ø  Atur sapala                       :  (sepatah kata)
Ø  Pambiwara                       : pranatacara, panatacara, pranata adicara, MC
Ø  Nyuwun pangaksami       : nyuwun pangapura, njaluk pangapura (minta maaf)
Ø  Mboten mranani penggalih  : kurang berkenan di hati
Ø  Widada ingkang jinangka : katekan sing dikarepake (terlaksana apa yang dicita-citakan)
 Sugeng makarya                     : selamat bekerja




REFERENSI :
Materi Bahasa Jawa XI RPL SMKN 2 Karanganyar

1 Response to "Teks Panatacara"