SERAT WEDHATAMA PUPUH SINOM

SERAT WEDHATAMA PUPUH SINOM

Tujuan agar siswa dapat :
1.      Mengemukakan sejarah singkat Serat Wedhatama
2.      Mengemukakan isi Serat Wedhatama pupuh Sinom
3.      Mengemukakan pengertian tembang Sinom
4.      Mengemukakan pathokan tembang Sinom


1.      Serat Wedhatama

        Serat Wedhatama minangka salah setunggiling sastra tembang utawi kidung Jawa. Wedhatama saking tembung JawaWredhatama ingkang artosipun “seratan/karya”,  Wedhatama mawi pun wudal, yaiku wedha artosipun ajaran lan tama artosipun kautamaan/utama. Serta Wedhatama diripta sejatine kagem pitutur luhur lan mangun budi pekerti, uga gladhi spiritual raja-raja Mataram.  Ananging wektu iki Wedhatama saged pun sinau dening sinten kemawon. Purnaning laku spiritual nyinau Wedhatama, yaiku: nemokake urip kang sejati, mangerti awake dewe, lan manunggaling kawula lan Gusti.

    Serat Wedhatama karipta dening Kanjeng Gusti Pangeran Adipati Arya (KGPAA) Sri Mangkunegara IV minangka Raja ing Kraton Mangkunegaran Solo. KGPAA Mangkungara IV wis misuwur bagagan kapinteran, kawicaksanan, lan kasekten. Mangkuenara IV menika pujangga/seniman agung ingkang sampun ngasilaken maneka warna karya seni, yaiku seni tari (beksa), tembang macapat, wayang wong, busana Langendriyan (Pakaian pengantin Jawa/Solo). Ing bidang ekonomi, Mangkunegara IV saged mangun pabrik gula ing Tasikmadu lan Colomadu taun 1861-1863, sara miwiti mangun stasiun Balapan ing kuta Solo. Minangka ngusir walandi/Belanda, Mangkunegara IV cukup nganggo “tulisan”, saengga rakyat saged urip tentrem (nglurug tanpa bala, menang tanpa ngasorake).


2.      Serat Wedhatama Pupuh Sinom
Wos kang kamot ing tembang Sinom (Wedhatama):
a.       Aweh pangalembana marang pawongan kang seneng ing sikep luruh, sabar, lan tresna asih.
b.      Nengenake kadewasaning akal, pikiran, rasionalitas, lan intelektual.
c.       Nuladhani temen-temen anggone meper hawa nepsu lan tansah gawe seneng atining liyan.
d.      Ngajarake telung nilai kang bisa ngangkat drajate manungsa, yaiku pangkat, bandha, lan     
      kapinteran.
e.       Ngajarake telung prakara kang dadi cagaking panguripan, yaiku lila yen kelangan, sabar nalika 
      entuk pacoban, lan nrima ing pandum pasarah sumarah marang Gusti.
f.        Ngadohi sipat angkara murka (nesu kang tanpa alesan, nutupi kaluputane dewe, milara marang 
      liyan, pengin dianggep pinter sanajan bodho, lan tansah duwe pamrih).
g.      Ngajarake kaluhuran budi kanthi cara seneng mapan ing papas sepi, reresik jiwa, ananging    
      tansah nglakoni kewajibane, lan gawe seneng atine liyan.

3.      Tembang Sinom
a.      Pangertene tembang Sinom
      Sinom ateges anom, taruna, srinata, roning kamal, pangrawit, weni, logondhang, lan           sapiturute. Sinom duwe karep pucuke godhong kang isih kecut. Sinom cocok kanggo           pambuka crita.
b.      Pathokan tembang Sinom
      Guru gatra: 9
      Guru wilangan lan guru lagu: 8a, 8i, 8a, 8i, 7i, 8u, 7a, 8i, 12a
c.       Watak tembang Sinom
      Watak tembang sinom iku tresna asih, canthas, trengginas,
d.      Makna Tembang Sinom
      Sinom iku maksude enom. Tembang iki nggambarake wayah enom, watake golek       
      pangalembana/grapyak, luwes, gampang srawung. Nglambangake wayah isih     
      jejaka/prawan.
e.       Tuladha Tembang Sinom


Sinom
5          6      6         6      6        6      6     6  
nu –    la –  da      la-    ku      u –  ta -  ma,  (8a)

 5         6       6       4         5      6          6 5    5  
tu –  mrap – e    wong   ta-   nah      Ja–  wi (8i)

   5         6       6      6       5         3     3    2 1  
wong     A- gung   ing  Ngek – si-  gan-  da (8a)

 1        2         3        2        1       6       5      6   
                                                  .                  .
Pa-     nem-   bah-    an      Se–   na-    pa-   ti (8i)

1      2     2      2      2        1      2  3  
Ka-  pa-   ti     a-    mar –  su-     di (7i)

1         1        1        2        1       6        1      2 
                                                   .     
su-     da-     ning    ha-    wa     lan    nep-   su (8u)

 6      1       1       1      1        1      1  
  .
pi-    ne-   su      ta-    pa      bra-   ta (7a)

1        2         3        2         1       6        5       6   
                                                   .                  .   
ta-     na-      pi-      ing      Si–   yang   ra-    tri (8i)

6       1        2       3,        2       2       2       2         3      2 1       6    1 2
 .                                                                                              .                
a –  me-    ma – ngun   kar–  ye–   nak    tyas -  ing     sa–    sa–   ma  (12a)

A.                Menelaah Serat wedhatama

Tujuan agar siswa dapat :
1.      Menerangkan makna kata sulit pada tembang Sinom Wedhtama
2.      Menerangkan makna setiap gatra pada tembang Sinom Wedhtama
3.       Menggali isi yang terkandung dalam Sinom wedhatama
4.       Menggali nilai-nilai yang terkandung dalam Sinom wedhatama
5.       Mensimulasikan nilai-nilai yang terkandung dalam Sinom wedhatama

1.       Tulisna werdine tembang ing ngisor iki!
Sakdurunge nulis werdine saben gatra, wacanen kanthi premati bausastra ing sakngisore tembang kang isine maknane tembung-tembung saka tembang Sinom sing dirasa angel dimangerteni maknane!

Tembang
Pratelan
Werdine
Sepisan
Nulada laku utama
Nuladhani tumindak ingkang uama/sae
tumrape wong tanah Jawi
Kados piyayi ing tlatah Jawa
wong agung ing Ngeksigonda
Raja saking Mataram
Panembahan Senopati
Panembahan Senopati
kapati amarsudi
Temenan anggenipun nggladhi/taberi
sudaning hawa lan nepsu
Ngirangi hawa nepsu/angkara murka
pinesu tapa brata
Kanthi cara prihatin, tapa
tanapi ing siyang ratri
Tansah  makarya dedonga siyang dalu
Amemangun karyenak tyasing sasama
Mangun katentreman ati tumrap sapada
Kapindho
Bonggan kang tan merlokena
Luputipun piyambak ingkang boten mangertosi
mungguh ugering ngaurip
Ingkang dados aturan/tatanan ing panggesangan
uripe lan tri prakara
Gesang menika kanthi tigang prekawis
wirya arta tri winasis
kaluhuran, bandha, lan kapinteran
kalamun kongsi sepi
Ananging menawi boten saged kalaksanan
saka wilangan tetelu
Saking tigang prekawis kala wau
telas tililasing janma
Telas tilasipun manungsa/manungsa sampun boten gadhah kaurmatan
aji godhong jati aking
Langkung aji ron jati garing
temah papa papariman ngulandara
Wusana sengsara, gelandangan, sia-sia  
Katelu
Kang wus waspada ing patrap
Ingkang sampun mengertosi aturan/tata carane
mangayut ayat winasis
Hangresepi mangertosi ajaran kapinteran/utama
wusana wosing jiwangga
Wusanane mlebet wonten jiwa ragane
melok tanpa aling-aling
Saged mirsani tanpa aling-aling/kanthi cetha
kang ngalingi kalingling
Ingkang ngalingi sumingkir
wenganing rasa tumlawung
Tinarbuka rasa sepi/suwung/mamring
keksi saliring jaman
Katon sakabehing donya
anglangut tanpa tepi
“Sepi” (ketidaktahuan) tanpa wates
yeku aran  tapa tapaking Hyang Suksma
Menika dipunwastani “tapa tapaking Hyang Suksma” (Jalan menuju Tuhan)




1.   Bausastra saka tembang Sinom Wedhatama



aking                    : garing
amarsudi              : nggladi
anglangut             : sepi
arta                       : banda
ayat                      : ajaran
bonggan               : salahe dewe
janma                   : manungsa
jiwangga              : jiwa raga
kalamun               : ewadene
kalingking            : sumingkir
kapati                   : tenanan/temenan
karyenak              : katentreman
keksi                    : katon/ketok
kongsi                  : ora bisa
mangayut             : hangresepi
melok                   : ketok
merlokena            : mangerti
mungguh              : prayogane
Ngeksigonda       : Mataram
ngulandara           :kluyuran/ora duwe papan dumunung
nulada                  : Nyonto
ratri                      : wengi/bengi
papa                     : sengsara/mlarat
papariman            : glandangan/ngemis
patrap                   : aturan
pinesu                  : dilatih
saliring                 : sakabehe
tan                        : ora
tanapi                   : makarya
temah                   : tundhone/wusanane
tepi                       : wates
tumlawung           : sepi/nglangut
tyas                      : ati/nala
ugering                 : aturan
waspada               : mangerti/paham
wenganing           : pepadhang, menga
winasis                 : kapinteran/pinter
wirya                    : pangkat/drajat
wosing                 : ngisi
wusana                 : pungkasan
yeku                     : yaiku



B.   
Membuat tembang Sinom
Tujuan agar siswa dapat :
1.      Membuat Tembang Sinom
2.      Menyunting tembang Sinom
3.       Menyajikan tembang Sinom

1.      Nganggit lan nyunting tembang Sinom
        Panulisane tembang macapat iku sejatine ora angel, amarga pathokan lan tata carane nulis wis cetha lan gumathok. Iku isa kaudi lumantar gladhen kaprigelan kang rutin. Tembang macapat iku minangka salah sijining karya sastra. Mula surasane lan basa kang digunakake milih tembung-tembung kang duwe wangun lan teges endah. Dene trap-trapan panulisane tembang macapat iku:
a.     Nemtokake watake tembang
      Ing babagan iki minangka trap-trapan sepisan nulis tembang macapat. Awit kanthi             
      nemtokake watak uga nemtokake pamilihane tembung kan gegayutan karo jinise tembang 
      macapat.
b.     Nemtokake pamilihe tembung
      Kaya dene nulis karya sastra liyane, panulisane tembang macapat uga milih tembung kang       duwe nilai kaendahan supaya karya kang tinulis duwe nilai becik.
c.     Nemtoake jinise tembang macapat
      Nemtokake jinise tembang macapat kudu wis dijumbuhake karo tema. Jinise tambang,      
      macapat wis ana pathokan kang baku, yaiku guru wilangan, guru lagu, lan guru gatra. 
     Mula ing trap-trapan iki wis wiwit cetha anggone bakal nulis tembang macapat. Nyunting        tembang sinom iku ateges mbenerake kesalahan-kesalahan ing tembang.




REFERENSI :
Materi Bahasa Jawa XI RPL SMKN 2 Karanganyar

0 Response to "SERAT WEDHATAMA PUPUH SINOM"

Post a Comment