Tujuan agar siswa dapat :
2.
Mengemukakan bagian-bagian/perangan teks panatacara
3.
Menerangkan unsur-unsur dalam panatacara
4.
Teknik membaca teks pawarta
1.
Pangertene
Panatacara
Panatacara kerep uga diarani pambyawara, pranata adicara,
pranata titilaksana, pranata laksitaning adicara utawi Master of Ceremony (CM).
Pangertene panatacara yaiku sawijining paraga (wong) sing duwe jejibahan
glantarake titilaksana (lakune) sawijining upacara. Tuladhane uapacara kayata
upacara adat temanten, kesripahan, acara resmi/fromal, pepanggihan (pertemuan),
pajamuan (pesta), pangaosan/pentas (show), lan sakpanunggalane.
2.
Perangan
Teks Panatacara
- Salam pambuka. Tuladhane : Assalamualaikum Warahmatullah Wabarakatuh, nuwun kawula nuwun Puji syukur konjuk marang Gusti Ingkang Maka Kuwaos
- Sapa aruh. Sapa aruh marang kabeh para tamu undangan. Kawiwitan saka wong sing paling tuwa nganti sing enom utawa saka pangkate luwih dhuwur nganti sing endhek.
- Ancasing gati. Panatacara kudu weruh kanthi gamblang ancas (tujuan) saka adicara kang diadani (dilaksanakan)
- Panutup. Ing perangan iki panatacara ngaturake marang para tamu mungguh acara kang dirantam wis lumaku, lan jaluk pangapura anggone nindakake pagaweyane ana kaluputan.
- Salam
panutup
3.
Sarat
Panatacara
Supaya anggone ngayahi jejibahan dadi panatacara bisa
becik, kudu gelem gladhen lan sarat laku pitung prakara. Dening Rama Sudi
Yatmana (1981:1) dijlentehake kanthi aran Sapta Pangolahing Raga, yaiku:
a. Magatra, yaiku bleger wewujude rupa,
adining sastra lan nyandang penganggo kang trep, pantes, lan jangkep. Solah
bawa sing luwes lan ora digawe-gawe.
b. Malaksana, yaiku mlau samlakune, sapecak
sajangkah ditata runtut, luwes mrabawani, ora inggah-inggih, lan ora
wigah-wigih, lan ora ngisin-ngisini.
c. Mawastha, yaiku ngadeg jejeg, ora kendo, ora dhoyong.
d. Maraga, yaiku ora grogi, ora wedi, ora
gemeter, anteb, lan enteng obahe awak, sirah, gulu, siku, asta lumrahe samadya
ora katon ndhangak tangan kudu bisa nambahi cetha apa kang diucapake.
e. Malaghawa, yaiku trampil kepara
trengginas, cag ceg, lancar, gancar, sembada ing karya. Ora ngleler nanging uga
ora katon grasa grusu.
f. Matanggap,
tanggap ing sakabehe swasana, sarta bisa andayani regenge swasana. Mula panatacara uga bisa gawe gumrengsenge swasana prasasat aweh tetamba tumrap wong kang nandhang susah/sungkawa.
g. Mawwat: anteb, manteb ngentasi purwa,
madya, lan wusananing karya. Dadi panatacara kudu bisa ngendhaleni acara wiwit
kawiwitan, tengahan, lang pungkasane acara kanthi manteb lan sampurna. Aja
nganti ana acara kang kececer keliwatan uwal saka rantaman.
4.
Teknik
Maca Panatacara
a.
Nggunakake
pangucap kang trep
b.
Pamedhote
ukara kang trep
c.
Nggunakake
intonasi, nada, lan tekanan kang trep
d.
Ngreteni
tandha wacan kang trep
e.
Swara
kang cetha
f.
Ngatur
alon lan cepete pamaca
g.
Ngolah
treping mlebu wetuning napas
h.
Mahami
wacan
i.
Pracaya
marang dhiri pribadi
5. Panatacara basa Jawa iku kudu nggunakake lang
nguwasani sawenehe kaprigelan kawruh basa kanthi ancas supaya bisa narik
kawigatene tamu kang padha rawuh. Mula setitekna andharan ing ngisor iki,
ngenani tembung-tembung kang bisa nambah kaprigelan panatacara babagan kawruh basa.
a. Tembung yogyaswara
Yaiku tembung loro
kang tulisan apadene pangucape meh padha, dinggo bebarengan, lan mengku teges
lanang wadon. Tuladha:
bathara-bathari, yaksa-yaksi, hapsara-hapsari, kedhana-kedhini, putra-putri,
dewa-dewi.
b. Tembung entar
Tembung entar utawa
silihan, dudu teges kang baku. Tembung iki duwe teges rerangkening tembung kang
ateges ora salugune/satenane. Tembung iki duwe surasa kang geseh karo
tetembungane (duwe teges kias)
Tuladha:
Dawa tangane = clemer, seneng njupuk duwite
liyan
Lunyu ilate = pinter guneman\
Dawa ususe = sabar
Jembar dhadhane = nrima
c. Tembung rura basa
Yaiku basa kang rusak
wis kelantur-lantur, nganti ora kena dibenerke maneh. Yen meksa dibenerake
malah banjur dadi basa sing ora lumrah.
Tuladha:
negor gedhang = benere negor debok
nggiling bakso = benere nggiling daging
adang sega = benere adang beras
d. Panyandra
d. Panyandra
Panyandra iku tetembungan utawa ukara kang wis
gumathok, kanggo yandra kahanan alam, satriya, ratu, perangan awak, solah bawa,
lsp, kang lumrahe wujud pepindhan. Payandra utawa atur kang biasane diaturke
dening para panatacara kanggo nggambarake utawa ngaturi kaweruhan kahanan lan
swasana tartamtu marang para kang padha ngrungokake utawa pamiyarsa. Panyandra
diaturake kanthi gamblang, cetha, lan nggunakake kasusastran kang becik, basa
kang alus lan biasane ginambarake kanthi rinumpaka trep karo swasanane.
Tuladha:
Binarung swaraning pradangga munya angrangin, ambabar
gendhing Ktw. Sekarteja laras slendro pathet manyuro, katingal ana wanodya
sulistya ing warni mijil saking panti busana, kakanthi manjing sasana rinengga.
Sampating busana ingkang hangemba busananing
prameswarinata, tinon saking mandrawa kawurya ambyor mopyor paing galebyar
pating clorot pindha kartika gumingsir papan.
e. Pepindhan
e. Pepindhan
Yaiku tetembungan utawa unen-unen kang ngemu teges
irb-iriban utawa emper- emperan, ameh padha. Pindha nunggal karep karo kaya,
kadi, lir, pendah.
Tuladha:
Lakune kaya macan luwe
Polahe kaya kitiran
Swarane kaya ngabangke kuping
Tuladha
Teks Panatacara
Assalamu’alaikum Wr.Wb.
Nuwun,
Dhumateng Bapak Kepala
sekolah SMK N 2 Karanganyar ingkang dhahat kinurmatan, Bapak Wakil Kepala
Sekolah Bidang Kesiswaan, Bapak/Ibu Guru, Karyawan, saha para siswa ingkang
tansah winantu ing suka basuki.
Keparenga kula mambeng saha nggempil
kamardikan panjenengan sadaya, awit kula piniji saking panitya kinen ngaturaken
urut reroncening Upacara Pelantikan
Pengurus OSIS SMK N 2 Karanganyar Periode
2016/2017.
Nanging saderengipun
kula ngaturaken rantamaning adicara puniuka, sumangga kula dherekaken ngonjukaken
puji syukur wonten ngarsa delem Gusti Ingkang Maha agung, karana sih wilasa
miwah barokah ingkang rumentah dhumateng panjenengan sedaya dalasan kula,
saengga ing kalenggahan punika taksih saged kempal manunggal kanthi pinayungan
karaharjan, tebih saking rubeda nir ing sambekala. Amin.
Nun inggih para
lenggah ingkang sinuba ing pakurmatan, keparengan
panatacara murwakani lekasing sedya ingkang punika enggal badhe binuka
lampahing titilaksana Upacara Pelantikan
Pengurus OSIS SMK N 2 Karanganyar Periode
2016/2017, kanthi
ngaturaken reroncening adicara
ingkang sampun karantam dening panitya, nun inggih:
- Purwaka
- Atur palapuran saking Wakil Kepala Sekolah Urusan Kesiswaan ing mangke badhe dipunsalirani dening Bapak Muhammad Daim
- Kepyakan/Pelantikan Pengurus OSIS kalajengaken tanggap sabda saking Bapak Kepala Sekolah.
- Atur
sapala saking pangarsa OSIS enggal
- Pandonga ing mangke badhe dipunsalirani dening seksi kerohanian agami Islam
- Panutup.
Para lenggah ingkang winantu ing bagya mulya,
makaten menggah urut reroncening Upacara
Pelantikan OSIS SMK N 2 Karanganyar Periode
2008/2009. Kasuwun wontena suka lilaning penggalih para lenggah tansah
hanjenengi ngantos dumugi paripurnaning gati. Nuwun, nuwun, matur nuwun.
…………………………………………………………………………………..
TEGESE TEMBUNG:
Ø Dhahat : banget (sangat)
Ø Winantu : binarengan ing ( bersama-sama di )
Ø Suka basuki : bungah, aweh; rahayu, slamet,
raharja, widada, sugeng
Ø Winantu ing suka basuki : bebarengan diparingi kabungahan lan
keslametan (mendapatkan kebahagiaan dan keseamatan)
Ø Mambeng (pambeng) : ngalangi (menghalangi); pambeng :
alangan (halangan)
Ø Gempil : cuwil sethithik
Ø Nggempil kamardikan : nyuwil/ngurangi sethithik kamardikan
(mengurangi sedikit
kemerdekaan)
Ø Piniji : dipiji, dipatah, didhapuk,
dipitaya, dipercaya
Ø Reroncening/reroncen : susunananing/susunan;
Ø Rantaman : rancangan, program, rencana
Ø Karana : awit, sebab, jalaran (sebab/karena)
Ø Sih : asih, katresnan; kawelasan
Ø Wilasa : ngenggar-enggar, dolanan,
(bersenang-senang/bermain-main)
Ø Sih wilasa : kawelasan (dikasihi )
Ø Rumentah (rentah) : tumiba, dhumawah, tumeka
(dilimpahkan)
Ø Pinayungan (paying) : dipayungi (mendapat perlindungan)
Ø Rubeda : pakewuh, alangan
Ø Nir (Kawi) :
ilang, tanpa
Ø Sambekala : kacilakan, alangan
Ø Sinuba/suba (Kawi) : endah, kaendahan, becik ; disungga-sungga, dihormati banget
Ø Murwakani (purwa) : miwiti, memulai
Ø Lekasing sedya : wiwitaning karep
Ø Titilaksana : adicara, acara
Ø Karantam : diprogram, dirancang, direncanakan
Ø Purwaka : pambuka (pembukaan)
Ø Kepyakan : peresmian, pelantikan
Ø Hanjenengi (njenengi) :
melu nunggoni ing parepatan lsp
Ø Paripurnaning gati : rampunge gawe, rampunge acara
Ø Gati (Kawi) :
laku, tindak
Ø Kapitadosan : kapercayan
(kepercayaan), gegebengan, (agama)
Ø Sowang-sowang : dhewe-dhewe, piyambak-piyambak
Ø Kasumanggakaken : dipersilakan
Ø Nunggih : yaiku, (yaitu)
Ø Winantu ing pakurmatan : tansah dipunkurmati (yang selalu dihormati)
Ø Sasana (S/Kw) : papan, enggon, palungguhan
(piwulang, pituduh)
Ø Tanggap sabda : waluyan, tanggap wacana, sesorah,
pidato
Ø Sabda : swara, gunem, tetembungan
Ø Jejibahan : ayahan, tugas, pakaryan
Ø Magepokan : sesambungan (yang ada hubungannya
dengan …)
Ø Kasangkul : nindakake gaweyan,
Ø Panjurung :
panyengkuyung, pambiyantu (dukungan)
Ø Gangsar : gancar, lancer, ora ana alangan
Ø Sesanggeman : ayahan, gaweyan sing kudu
karampungake/katindakake
Ø Laksita : laku
Ø Atur sapala :
(sepatah kata)
Ø Pambiwara : pranatacara, panatacara, pranata
adicara, MC
Ø Nyuwun pangaksami : nyuwun pangapura, njaluk pangapura
(minta maaf)
Ø Mboten mranani penggalih : kurang berkenan di hati
Ø Widada ingkang jinangka : katekan sing
dikarepake (terlaksana apa yang dicita-citakan)
Sugeng makarya : selamat bekerja
REFERENSI :
Materi Bahasa Jawa XI RPL SMKN 2 Karanganyar

kurang jelas
ReplyDelete